Translate

Senin, 19 September 2016

Anoman Dhuta / Anoman Obong

Lakon Wayang Orang Anoman Dhuta / Obong 
1.  Versi Bahasa Indonesia  
       Lakon Anoman Duta atau Anoman Obong adalah salah satu lakon yang terkenal dalam cerita Ramayana. Lakon ini menceritakan perjalanan Anoman dalam menjalankan tugas sebagai utusan Sri Rama, untuk memastikan keaadaan Dewi Sinta yang diculik oleh Prabu Dasamuka, raja raksasha dari kerajaan Alengka. Dikisahkan, Anoman pergi menjalankan perintah ke negeri Alengka dengan disertai oleh para Punakawan, Semar, Gareng, Petruk dan Bagong. Anoman juga dibantu oleh Batara Bayu, Bayu Kusuma, Wiljajahwreka, Liman Situbandha, Garuda Mahambira dan Sarpa Nagakuwara . Dalam perjalanannya menuju ke negeri Alengka, ia terhalang oleh Samudra. Anoman kemudian dibantu oleh Gunung Maenaka dengan cara melemparkan Anoman dari puncak gunung ke negeri Alengka. Sesampainya Anoman di perbatasan negeri Alengka, Anoman dan para Punakawan merasa lapar, mereka kemudian mencari warung makan. Mereka menemukan sebuah warung yang menyediakan buah-buahan, makanan,minuman dan yang melayani adalah seorang wanita yang sangat cantik. Anoman dan para Punokawan kemudian makan di warung tersebut. Anoman yang memang masih muda terpesona dengan pelayan tersebut, hingga keduanya melakukan hubungan layaknya suami istri. Setelah cukup bersenang-senang, Anoman dan Punakawan pamit meninggalkan tempat tersebut untuk melanjutkan perjalanan. Namun belum jauh dari tempat tersebut, tiba-tiba mereka menjadi buta. Karena sebenarnya perempuan yang menjadi pelayan tersebut adalah selir dari Prabu Dasamuka, yang bernama Dewi Sayempraba. Ia memang ditugaskan untuk menghalang-halangi perjalanan Anoman dan Punokawan sebagai duta Rama.
       Buah-buahan dan makanan yang Anoman dan para Punokawan makan sebenarnya sudah diberi racun, yang menyebabkan buta orang yang memakannya. Mereka menyesal dengan apa yang telah terjadi, namun mereka tetap melanjutkan perjalanan mereka meskipun dalam keadaan buta. Di tengah perjalanan, mereka bertemu dengan Garuda Sempati, kakak Garuda Jatayu yang gugur oleh pedang Menthawa, saat berusaha menolong Sinta saat diculik Rahwana. Dengan bantuan garuda Sempati, anoman dan para Punokawan dapat melihat lagi. Anoman dan para Punokawan kemudian melanjutkan perjalanannya ke negara Alengka Anoman pun masih mendapatkan halangan, jalan yang ia lalui ternyata adalah lidah Ditya Ilatmeja, hingga akhirnya ia masuk ke dalam mulut dan sampai di perut Ilatmeja. Anoman baru tersadar, namun dengan cekatan ia merobek perut Ilatmaja dengan “Kuku Waja”, atau ada sebagain dalang yang menyebutkan “Kuku Pancanaka”.  
      Ditya Ilatmeja kemudian tewas, dan Anoman berhasil keluar dari perutnya. Anoman kemudian melanjutkan perjalanannya, setibanya di Alengka, Anoman kemudian masuk ke Taman Asoka untuk mencari Dewi Sinta. Anoman bersembunyi balik pohon Nagasari sambil memperhatikan keadaan sekitar taman, jangan sampai ia ketahuan. Setelah suasana aman, Anoman kemudian menyanyi di tempat tersebut, sampai Dewi Trijatha mendengarnya ( puteri dari Wibisana yang bertugas untuk menjaga dan melayani Dewi Sinta. Dewi Trijatha kemudian mendekati asal dari suara tersebut, yang tak lain adalah suara Anoman. Anoman bahwa Dewi Trijatha sedang jatuh cinta. Dewi Trijatha begitu terpesona melihat seekor kera yang berwarna putih bersih seperti kapas. Anoman kemudian diantar oleh Dewi Trijatha untuk bertemu Dewi Sinta di Taman Asoka. Disana Anoman kemudian mengatakan tujuannya menghadap Dewi Sinta dan menyerahkan cincin Rama, apabila cincin tersebut pas jika dipakai Dewi Sinta itu berarti Dewi Sinta masih suci. Dan cincin itu memang pas di jari tangan Dewi Sinta, dan itu telah membuktikan bahwa Dewi SInta masih suci. Dewi Sinta kemudian memberikan tusuk kondenya sebagai tanda bahwa ia sangat mengharapkan kedatangan Rama, suaminya. Ketika Anoman sedang menyamaikan tentang keadaan Rama dan adiknya Laksmana kepada Dewi Sinta, tiba-tiba para prajurit Alengka mengetahui keberadaannya.
      Anoman hendak ditangkap dan terjadilah perang tanding diantara mereka. Namun akhirnya Anoman berhasil ditangkap oleh Raden Indrajid (Megananda), putra Prabu Dasamuka (Rahwana). Anoman kemudian dihadapkan kepada Rahwana. Anoman kemudian diputuskan dihukum mati dengan cara dibakar “Obong”. Namun Anoman mengamuk dan ekornya dikibaskan ke segala arah dan justru Kraton Alengka terbakar. Banyak prajurit yang gugur saat itu. Setelah Alengka terbakar, Anoman kemudian melanjutkan perjalanannya kembali untuk menghadap Rama di Pancawati. Di tengah perjalanannya, di tepi samudra yang memisahkan antara Alengka dan pancawati, Anoman menemukan seseorang yang saat itu sedang pingsan. Setelah ia sadarkan, orang tersebut adalah Wibisana, yang tidak lain adalah adik Prabu Dasamuka (Rahwama) yang sudah diusir dari ALengka karena sudah berani menentang perbuatan kakaknya, Rahwana yang menculik Sinta. Wibisana juga menasihati Rahwana agar mengembalikan Sinta kepada Rahwana.
       Wibisana dan Anoman kemudian bersama-sama melanjutkan perjalanan dan menghadap Rama . Wibisana kemudian bergabung dengan pasukan Rama, dan ia diangkat menjadi penasihat perang pasukan Rama.

Sumber : http://adf.ly/14639305/anoman-duta-obong 
2.   Versi Basa Jawa 

Lampahan Anoman Duta utawi Anoman Obong punika nyariosaken lelampahanipun Raden Anoman inggih Senggana ingkang dipun utus ratu gustinipun Prabu Ramawijaya, nata ing negari Pancawati, supados nakyinaken kawontenanipun Rekyan Wara Sinta (garwanipun Prabu Rama) ingkang dipun dustha (diculik) déning Prabu Dasamuka inggih Rahwana, nata ing negari Ngalengkadiraja, saperlu badhe dipun rasuk/digarwa.

Anoman

Anoman anggenipun lumawat wonten ing negari Ngalengka dipun kantheni déning para anila,jembawan, sumawana Bagong lan dipun biyantu déning kadhang Bayu (sedherekipun Anoman ing sami-sami kaputra déning Bathara Bayu ingkang cacahipu wonten sanga inggih punika, Bathara Bayu, Bayu Kusuma (Wrekudara nanging dèrèng lair ing marcapada), Wiljajahwreka, Liman Situbandha, Garuda Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Anoman piyambak, tuwin gunung Maenaka).

Alangan

Nalika Anoman badhe tumuju ing negari Ngalengka lampahipun kepalang samudra. Anoman lajeng dipun tulungi déning Gunung Maenaka kanthi dipun uncalaken saking pucuking redhi tumuju ing negari Ngalengka. Nalika wonten ing gegana, Anoman kraos dipun serot saking salebeting samodra saengga lumebet ing samodra. Pranyata Anoman dalah para panakawan dipun serot déning Ditya Wil Kathaksini lan lajeng kaunthal lumebet ing wadhukipun raseksa prajineman Ngalengka punika. Wadhuk lajeng kasudhet mawi kuku Waja (wonten kadhang dhalang ingkang nyebat Kuku Pancanaka inggih mangga kemawon, namung kemawon sapangertosan kula bilih kuku Pancanaka punika kagunganipun Raden Wrekudara. Ditya Wilathaksini sirna margalayu. Anoman lajeng nerusaken lampahipun.

Diracun

Sasampunipun Anoman dumugi ing tepis wiringing negari Ngalengka, Anoman dalah para panakawan kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami padhos warung.Dumadakan ing mriku wonten satunggaling warung ingkang mandhe woh-wohan lan dhaharan saha unjukan.Ingkang mandhe awujud wanitya ingkang sanget sulistya ing warni. Anoman saha para Panakawan lajeng sami jajan wonten ing mriku. Lan sajakipun Anoman ingkang wekdhal punika taksih mujudaken jaka-tumaruna ugi lajeng kepranan kaliyan ingkang mandhe, wusana ngantos dumados sesambetan saresmi (hubungan seksual) kaliyan wanita punika. Sareng cekap anggenipun sami suka pari suka, Anoman dalah para Panakawan lajeng pamit badhe nglajengaken lampah. Nanging dereng nganthos Anoman tebih saking papan mriku, dumadakan Anoman lan para Panakawan paningalipun sami boten saged kangge ndhulu saengga dados wutha. Jalaran wanita ing sesadheyan punika jebulipun garwa seliripun Prabu Dasamuka ingkang sesilih Dewi Sayempraba ingkang pancen dipun utus déning Prabu Dasamuka supados ngalang-alangi tetiyang ingkang dados dutanipun Prabu Rama. Woh-wohan saha dhaharan ingkang dipun tedha déning Anoman tuwin para Panakawan punika pranyata sampun dipun paringi racun ingkang saged anjalari wuta tiyang ingkang nedha. Mila Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng nandhang wutha. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami tetangisan nggetuni dumateng lelampahanipun ingkang nembe kemawon dipun lampahi. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami mbacutaken lampahipun senajan kanthi grayah-grayah amargi sami boten sumerep margi.

Garuda

Kacarita ing tengah margi, Anoman kepanggih kaliyan Garuda Sempati kadhangipun Garudha Jatayu ingkang sampun sirna dipun pejahi déning Prabu Dasamuka rikala badhe mitulungi Dewi Sinta ingkang dipun dustha Dasamuka kanthi ngambah ing gegana.Garuda Jatayu sirna kasabet pedhang Menthawa déning Prabu Dasamuka.
Sasirnanipun Jatayu, Dewi Sinta lajeng dipun betha wangsul Prabu Dasamuka tumuju ing Ngalengka lan lajeng dipun papanaken ing Taman Argasoka (Taman Sokka) ingkang dipun jagi para prajineman (prajurit sandhi) Ngalengkadiraja ingkang awujud raseksa.

Bandayuda

Wangsul bab Anoman ingkang sampun pianggih kaliyan Garudha Sempati. Anoman dalah para Panakawan lajeng dipun usadhani kaliyan Garudha Sempati saengga saged waluya jati (saged mriksani malih). sasampunipun lerem sawetawis ing papan mriku, Anoman lajeng nglajengaken lampah tumuju ing negari Ngalengka. Tindhakipun Anoman nglangkungi margi ingkang alus sanget pindha babut. Nanging jebulipun margi ingkang ketingal alus sanget punika jebulipun sanes margi ingkang limrah nanging jebulipun mergi punika ilatipun (lidah) Ditya Ilatmeja inggih Wil Kathaksa ingkang dipun gelar saengga Anoman boten nglegewa menawi lumebet wonthen tutukipun yaksa punika. Sareng sampun dumugi wadhukipun Ditya Ilatmeja, Raden Anoman nembe sadar meniwi piyambakipun sampun wonten wadhukipun yaksa. Wadhukipun Ditya Ilatmeja lajeng dipun bedhah mawi "kuku Waja" (wonten kadhang dhalang ingkang nyebat kuku Pancanaka inggih mangga mawon, jalaran menawi saking pemanggih kula kuku Pancanaka punika gadhahanipun Raden Wrekudara). Ditya Ilatmeja lajeng sirna margalayu amargi wadhukipun jebol.

Taman Asoka

Anoman lajeng nglajengaken lampah.Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonten ing Taman Asokka kanthi mlumpati baluwerti saperlu manggihi Rekyan Wara Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampun nganthos kesumerepan dumateng para yaksa prajineman ingkang jagi taman. Sareng kawontenan sampun sepen, Anoman lajeng tetembangan wonten ing mriku saengga kepireng Dewi Trijatha (putrinipun Raden Gunawan Wibisana,rayinipun Prabu Dasamuka, ingkang tinanggenah ngladhosi Dewi Wara Sinta). Dewi Trijatha ugi lajeng nyaketi suwanten punika kang boten sanes suwantenipun Anoman. Anoman sumerep Dewi Tijatha sanalika nandhang asmara/gerah wuyung.

Trijata Wuyung

Nyumurupi wonten riwandha (kethek) ingkang ulesipun putih memplak kadhos kapas, Dewi Trijatha sanget kesengsem. Anoman lajeng dipun lus-lus kanthi dipun pangku saengga Anoman nganthos mijil kamanipun (air mani) lan dumawah wonten pangkonipun Dewi Trijatha. Kama lajeng dipun usap mawi ron kamal, lan dipun bucal ing bengawan. Kamanipun Anoman ingkang korut wonten bengawan punika lajeng dipun openi déning Dewi Pratalawati (garwa seliripun Prabu Dasamuka) ing negari Guwa Pratala (mapan ing dhasaring samudra) ingkang ing tembenipun lajeng dados jabang bayi wujud wanara seta ingkang dipun paringi nami Raden Trigangga inggih Triyangga. Trigangga ugi lajeng kaaken (dipu angkat) putra ingkang angka kalih (dawah enem), jalaran Dewi Pratalawati sadherengipun panci sampun kagungan putra patutan kaliyan Prabu Dasamuka ingkang sesilih Raden Bukbis inggih Raden Pratalamaryam/Kunthalamaryam.

Ali-ali

Wangsul bab Anoman ingkang nembe lumebet ing Tama Asokka. déning Dewi Trijatha, Anoman lajeng dipun sowanaken dumateng Dewi Sinta. Ing mriku, Anoman lajeng maringaken sesotya (ali-ali/cincin) agemipun Prabu Ramawijaya. Menawi Sesotya punika dipun agem Dewi Sinta saged "pas", tegesipun boten sesak utawi lobok pratanda yèn Dewi Sinta dereng nate karasuk déning Prabu Dasamuka. Lan kabukten sesotya punika ugi pas dipun agem wonten dirijipun Rekyan Wara Sinta ingkang nedhahaken bilih Dewi Sinta taksih suci. Dewi Sinta ugi lajeng maringi ageman susuk kondhe pinangka pralambang bilih Dewi Sinta sanget ngajeng-ngajeng rawuhipun Prabu Ramawijaya.
Nalika Anoman nembe wawan pangandhikan bab kasugenganipun Prabu Ramawijaya dalah ingkang rayi Raden Laksmanadewa/Laksmana Widagda, tuwin para pwana Pancawati, dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka. Anoman lajeng badhe dipun cepeng nanging bonggo. Wusana ndadosaken bandayuda.

Anoman Obong

Gelising carios, Anoman saged kapikut déning Raden Indrajid inggih Meganandha, putranipun Prabu Dasamuka, lajeng dipun sowanaken wonten ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipun obong wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipun besem, eloking kawontenan, Anoman boten saged tumama (kobong), malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman punika dipun awut-awut saengga Kraton Ngalengka kobong. Kathah prajurit ingkang sami tiwas saking pangamukipun Anoman. Sareng negari Ngalengka sampun kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya ing Pancawati.

Tepis Wiring

Ing tepis wiringing samudra ingkang misahaken antawisipun Nagari Ngalengka kaliyan Pancawati, Anoman manggihi satunggaling tiyang ingkang kapidhara (semaput) mbothen imut purwa duksina. sareng dipun usadani, pranyata tiyang punika boten sanes kejawi raden Wibisana (rayinipun Prabu Dasamuka) ingkang dipun kepruk "paidhon /kecohan" (bokor) amargi sampun wantun caos atur pamrayogi supados Rekyan Wara Sinta dipun kondhuraken dumateng Prabu Rama.
Salajengipun Raden Wibisana lajeng dipun kanthi Raden senggana sowan wonten ing Pancawati. Ing negari Pancawati, Wibisana lajeng dipun aken minangka kadhang anemipun Prabu Ramawijaya lan dipun paringi jejibahan minangka dados "penasehat" raja. Inggih amargi saking pamrayoginipun Wibisana punika, tundhanipunpara wadyabala tuwin seniapti-senopati Ngalengka saged dipun wuningani anggeranipun (rahasia hidup matinya) saengga saged dipun sirnakaken, kalebet Prabu Dasamuka ugi.

Sumber : http://adf.ly/14639305/anoman-duta-obong-wiki 

Demikian post saya kali ini semoga bermanfaat bagi kita semua.

 
   Ada bonus GIF Anime Dagashi Kashi (:LOL)

Tidak ada komentar :

Posting Komentar